ULAT KANG SUMEH MAHANANI PADANGIN JAGAD | SH WINONGO


ULAT KANG SUMEH MAHANANI PADANGIN JAGAD Poma dipoma ojo nganti lali, ayo podho tansah die ling eling saya suwe kawontenan ndonyo saya rusak lan saya ruwet…. Rusak morale, rusak akhaqe, ruwet aturane, ruwet proses lan procedure, ruwet ngurus haq pribadine……………. Tetiyang ingkang berjuang sami dipun adhang lan disikang sikang kapasang pepalang purih njomplang hasile berjuang dimen gagar wigar tanpo guna….. Bebener diputer dimen podho keblinger….. Tiyang lumapah ing margi ingkang leres sami dipun peres dimen nasibe dadi apes….Angkoro murko diujo ngremboko ing madyaning karya…… Akeh dhukun sunat dhuwite rakyat , akeh wong sugih laku maksiat Bondho akeh lali zakat kaporo kanggo nuruti ati bejat…. Senajan ndonyo rusak kaya opo……ALLAH panggah Maha Kuasa sanajan kaya opo pintere lan sektine manungso nutupi tumindak doso ALLAH Maha Pirso………. “ Sakbegja begjane wong kang lali isih begja wong kang eling lan waspada “ Eleng Kuat Slamet….. Eleng marang dawuh lan pepacuhe ALLAH Kuat narimo coba ingkanng pun dipestine…. Slamet ndonyo akherate………………. Tiyang SH meniko kedhah anggadhahing kekuatan lahir dan bathin…. Nyawiji kanggo brantas sadoyo kamungkaran lan kedzoliman… Teguh pendirian ora kelu ora keguh ora milik ngendong lali ora gampang dipaeko dening wong duroko, emoh kipo kipo diajak tumindak kang nalisir soko agama kepara kudu ngibarake bendera perjuangan “ AMAR MA’RUF NAHI MUNGKAR “ Para sedulurku SH …Kaweruhono, lamun ing dino kang bakal teko ono sawijining mangsa kang kebak perkoro….polahe manungso koyok gabah di interi, akeh manungso kang padho lali marang kuwajiban nindakake dawuh Gusti Allah…., Sithik banget wong kang berjuang negakake kabeneran, keiklasan wis ilang ….. gelem tumandang lamun oleh bayar, akeh wong kang ora syukur nikmat…, nikmat peparing ALLAH ora dirasa anane mung gresah ngayah …….Masya ALLAH………. Para sedulurku SH ayo podo berjuang melawan ke dzoliman…!!! Hancur leburkan syetan syetan jalanan, singkirkan syetan syetan penghuni kantor, bongkar kedok pembela rakyat yang ternyata penghisap darah dan kekayaan rakyat… Ojo ngeman bondho, ojo wedi keluwen, ojo wedi kangelan ojo wedi marang ancamane wong kang dzolim …Sakbenere kebecikan bakal menang lan kebathilan bakal hancur… “ Sing bener bakal panjer sing salah bakal seleh “ Dawuhipun ALLAH ing Surat Al Isra’ 81… “ dan katakanlah yang benar telah dating dan yang bathil telah lenyap sesungguhnya yang bathil itu adalah sesuatu yang pasti lenyap “ Para sedulurku SH… Opo gunane urip yen ta mung kaya unthuk ing banyu, kakehan cacah mung gemrayah, tumindake bubrah mung diombang ambingke tanpo arah. Ayo podo Setia marang Hati sanubarine .. teguh pendirian, istiqomah dalam memegang / ngondeli kabecikan lan kabeneran tetep konsekuen karo ucap lan tindakan….. “ JER LAHIR UTUSING BATHIN “ Sanajan mengkono ojo lali usaha lan ikhtiar …srempeng ibadahe mathengake panyuwune ndongo marang gusti ALLAH kang murbeng dumadi….. dimen perjuangan kita saget sukses urip mulya ….Slamat dunia dan akherat…Amiin ya robbal alamin……… PENCERAHAN Mori / kain kafan melambangkan lahir bersih mori / kain kafan mengingatkan kita akan kematian mori = limo ojo keri yang dimaksud sholat lima waktu jangan sampai kita tinggalkan. tiga amalan yang kita bawa setelah mati : 1. Anak sholeh 2. Amal Jariyah 3. Ilmu yg berguna. kematiaan tidak tahu kapan datangnya ? Mengapa kita dikasih kain mori waktu disahkan menjadi warga atau AA ? Bukankah kita di ingatkan akan kematian !!! Sudahkah kita mempunyai amalan diatas ? Eleng : Ingat kepada ALLAH Selalu menjalankan ibadah dan berdzikir kepadanya. Kuat : Sabar dalam menjalani cobaan hidup. Slamet : Keselamatan dunia dan akherat. NGOLEKI SEJATINING AKU sing dimaksud adalah mencari kesempurnaan hidup. Mencapai derajat yang mulia disisi ALLAH. Manungaling kawulo marang Gusti. Tinemune ; Weruh sakdurunge Dumadi. Jika Kalian Bisa melihat diri kalian sendiri... Disitulah aku berada !!!! Jika kalian bisa melihat aku...... Sesunguhnua kalian meliahat kebenaran Karena aku adalah kamu dan kamu adalah aku. Cipto dumunung ono ing pikiran kang wening. Karsa dumunung ono ing Qolbu kang resik Rasa dumunung ono ing Roh kang suci CIPTA KARSA RASA Nyawiji ngesti tunggal manjing dining dzat kang maha suci ingih meniko gusti ALLAH kang murbeng dumadi. lebur warongko manjing curigo....... ENENG ENING ENUNG... Patrap madep mantep ngening cipto kunjuk dumateng gusti allah nyawiji saliro lan rasa angukut cipta lan karsa anlampahi laku ma"rifat. Tinemune.. Nuwuhaken kawicaksanan Hurip ambeg paramanta manjing badan saliro saged nyumerepi padangin jagad tinemu keselametaning hurip. Amergo sejatine hurip hamung nembung dawuh soho anglampahi titahipun gusti allah. Dedalane mawi biso`o rumongso nanging ora rumongso biso. Titah sakwantah kang mung dermo ngelakoni..... Ojo selak karo bathine, sing blokosuto.

Komentar

Posting Komentar

ELENG KUAT SLAMET